MATERI KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA: "Damel Becik Dumateng Tonggo"
KHUTBAH PERTAMA
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ، وَأَعْطَانَا مَا عِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ، أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وَالْمُجَسَّمِ، وَهِيَ الصَّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلَامُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِلَى جَمِيعِ الْعَالَمِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الظَّلِّ فِي الْغَمَامِ، وَآلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَةِ الْكِرَامِ. أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحُ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
Jamaah Jumat Rahimakumullah,
Monggo kito sedoyo sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah. Wonten ing panggenan pundi kimawon kawontenan, rame utawi sepi. Kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun. Supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegan saking Gusti Allah.
Kito sedoyo gesang ing dunyo meniko kedah migunaaken wekdal ingkang dipun paringi Gusti Allah kanti sae. Keranten wekdal ingkang sampun keliwat mboten bade wangsul malih. Gusti Allah dawuh:
إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ، إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.
Artosipun: "Saktemene menungso iku mesti bakal rugi, kejobo wong-wong kang podo iman, nindakake amal kesaenan, podo tutur-tinutur ing perkara bener, lan tutur tinutur ing kesabaran." (Q.S. Al-Ashr).
Surat Al-Ashr kasebat mertelaaken bilih katah menungso ingkang getunan keranten mboten migunaaken wekdal kanti sae. Mboten didamel ngelampahi tindak becik. Salah setunggale tindak becik lan kesaenan nggih meniko dados tonggo ingkang sae.